Wednesday, February 19, 2020

Wewaler

Wewaler padha karo gugon tuhon. Gugon tuhon saka tembung gugu ( pracaya marang kandhaning liyan ) lan tuhu ( nyata, temen ). Gugon tuhon yaiku ngandel marang prakara sing dianggep duwe kadayan ngungkuli kodrat, mangka sanyatane ora. Gugon tuhon ing madyaning masarakat Jawa diarani pepali utawa larangan. Gugon tuhon kalebu kaprecayan tansah duwe rasa sumelang menawa ora bisa nyembadani prekara sing dianggep mbebayani iku.

Gugon tuhon
  1. Gugon tuhon salugu yaiku bocah utawa wong sing dadi mangsane Bathara Kala miturut dongeng yaiku bocah sukerta. Miturut kaprecayan, kanggo ngusadhani supaya ora dimangsa Bathara Kala, kudu ditanggapake wayang kanthi lakon Amurwakala.
  2. Gugon tuhon wasita sinandi yaiku kalebu pitutur sing ora kalairake kanthi melok. Akeh nggunakake tembung boten ilok utawa ora ilok sing sejatine ngemu teges ora becik.
  3. Gugon tubon kalebu wewaler yaiku wewaler saka leluhur utawa wong sing dadi cikal bakal amarga nindakake sawijining bab, banjur wewaler kanggo anak putu supaya ora melu nindakake.
Budaya Jawa kaperang dadi loro arupa pituduh lan wewaler. Kabeh ngandhut 6 perkara yaiku Ketuhanan Yang Maha Esa, rohani, kamanungsan, kabangsan, kulawarga, lan kadonyan.

Pituduh

Mungguhe bebrayan jawa, pituduhe urip iku kaperang dadi enem prekara, kaya kacetha ing ngisor iki.

  1. Pituduh magepokan karo Gusti Kang Maha Wisesa
  2. Pituduh kang magepokan karo rohani
  3. Pituduh magepokan karo kamanungsan
  4. Pituduh kang magepokan karo kabangsan
  5. Pituduh kang magepokan karo kulawarga
  6. Pituduh kang magepokan karo kadonyan

Wewaler

Kaya dene pituduh, wewalere bebrayan jawa uga kapantha dadi enem pepanthan, kaya ing ngisor iki.

  1. Wewaler kang magepokan karo Gusti Kang Murbeng Urip
  2. Wewaler kang magepokan karo rohani
  3. Wewaler kang magepokan karo kamanungsan
  4. Wewaler kang magepokan karo kabangsan
  5. Wewaler kang magepokan karo kulawarga
  6. Wewaler kang magepokan karo kadonyan

Sumber : Gegaran Nyinau Basa Jawa 3 kelas XII SMA/ SMK/ MA

Geguritan

Geguritan iku puisi jawa gagrag anyar kang ora kaiket dening paugeran tinamtu. Cacahe larik, cacahe wanda, cacahe pada, tembung-tembung kang dipilih, lan surasane kabeh merdika utawa bebas. Gumantung net atine kang nggurit. Ana kang nganggo lelewane basa ( gaya bahasa ) tinamtu, uga ana kang biasa-biasa wae.



A. Maca lan nanggapi isine teks geguritan sarta niteni perangan-perangane


Supaya bisa nemokake isine geguritan bisa dilakoni kanthi cara ing ngisor iki.

  1. Maca kanthi premati, yen prelu dibolan-baleni.
  2. Nggatekake ubungane larik siji lan sijine, banjur menehi tandha ngaso (/) utawa sigeg (//).
  3. Golekana tegese tembung-tembung kang angel utawa aneh. Bisa tegese lugu, entar, utawa lambang.
  4. Golekana pesen utawa amanat kang dikarepake dening panggurite.
  5. Tambahana tembung utawa wanda saengga ukarane bisa cetha lan bisa ditemokake karepe.

Menawa cara-cara kasebut wis kolakoni, mesthi bisa kotemokake isine geguritan. Kanthi mentes, apik, endah, mengkono, para siswa banjur bisa menehi panemu. Panemu iku bisa setuju ( sarujuk ), bisa ora setuju, bisa nyengkuyung, lan bisa uga menehi panemu kang sipate kosok balen ( berlawanan ).

Apa Bedane
dening Sudi Yatmono

apa bedane prosa karo puisi
bedane ana ati

apa bedane ati karo gori
bedane mung prakara bumbune
bedane apa bumbune karo sing dibumboni
bedane rak mung ana ing wadhah
apa bedane wadhah karo sing diwadhahi
kuwi rak mung akal pokal gaweane manungsa

lha apa bedane manungsa karo kewan
ah iku urusane Pangeran
( Mbangun Tuwuh, angka 138 )


B. Nemokake tuntunan kang dikandhut ing teks geguritan lan njumbuhake karo kahanane bebrayan

Geguritan iku umume digawe dening panggurite kanggo nuduhake rasa marang kahanan. Ana kang nggambarake rasa bungah, rasa sedhih, nggrantes, utawa malah nggambarake rasa serik kang kepati-pati marang kahanan. Mula saka iku, lumantar geguritan pamaca bisa nemokake tuntunan kang gegayutan karo kahanan.



C. Nulis geguritan nggunakake ragam basa kang jumbuh utawa cocog karo konteks lan pranatan utawa aturan

Kaya kacetha ing ngarep menawa nulis geguritan iku merdika. Supaya ana gondhelan, prelu kogatekake bab-bab kaya mengkene.

Ora kaiket dening aturan utawa pranatan guru gatra, guru wilangan, guru lagu, lan sapanunggale.
Ngutamakake isi kang mentes, apik, endah, lan becik.
Bisa nggunakake lelewane basa (purwakanthi, baliswara, saroja, entar, lan sapanunggale ).
Isine bisa pitutur, piweling, kritik, protes, nyindhir, nggresah, pamundhut, lan sapanunggale.




Sumber : Gegaran Nyinau Basa Jawa 3 kelas XII SMA/ SMK/ MA

Monday, February 10, 2020

Sesorah

Sesorah iku tembung liya saka pidhato. Pidhato iku medharake gagasan sarana lesan kang ditujokake marang wong akeh ( masyarakat/ bebrayan ). Akeh tembung kang maknane padha karo sesorah antara liya tanggap sabda, tanggap wacana, medhar sabda, sabda tama, lan liya-liyane. Sanajan tegese padha, tembung-tembung mau kudu patitis anggone ngepasake. Kudu cocog karo unggah-ungguhe.

A. Maca lan nemokake struktur lan kaidah teks sesorah

Sesorah Halalbihalal [1]

Assalamu'alaikum wa rahmatullahi wa barakatuhu, [2]

Bapak-bapak, Ibu-ibu, kaum muslimin-muslimat ingkang satuhu kinakbeten. Minal aidzin wal faidzin. [3]
Mangga sesarengan kula dherekaken ngonjukaken pudya puji sukur dhumateng ngarsanipun Gusti ingkang Maha Agung, Allah SWT, ingkang sampun paring taufik sarta hidayah. [4]
Ing kalodhangan menika keparengna kula ngadeg ing ngarsa panjenengan sadaya, saperlu ngaturaken prekawis sakedhik gegayutan kaliyan acara " Apura ingapura " utawi " Halalbihalal " warsa 1437 H menika. [5]
Kados ingkang sampun kawuningan bilih minggu kapengker, umat Islam saindenging Nuswantara samya nindakaken shalat ied. [6]
Ing wekdal ingkang sae menika mugi-mugi para kaum muslimin dalah muslimah kepareng njangkepi ibadah siyam kanthi paring zakat fitrah. [7]
Makaten lan semanten atur kula, nyuwun pangapunten tumrap sadaya kaladuking atur sarta muranging trapsila. [8]

Wa assalamu'alaikum warahmatullahi wa barakatuhu. [9]

Saka tuladha ringkes teks sesorah ing dhuwur, bisa ditemokake ragangan ( struktur ) bakune sesorah, kang nyakup 9 perangan, yaiku :

  1. irah-irahan
  2. salam pambuka
  3. pakurmatan
  4. purwaka basa utawa pambuka
  5. wos utawa isine sesorah
  6. andharan wose sesorah ( yen perlu )
  7. pangarep-arep ( pangajab )
  8. wasana basa utawa panutup
  9. salam panutup


B. Nanggapi pokok-pokok isine teks sesorah

Sesorah iku cak-cakane mung sairing, tegese kang aktip tumindak mung kang sesorah, dene kang ngrungokake ora duwe wenang liya kajaba mung nampa. Tanggapan marang isisne sesorah ora bisa diwedharake langsung sabubare ngrungokake sesorah, nanging milih wektu kang ngepasi. Tata carane wong menehi penemu tumrap isine sesorah kudu nggunakake basa kang ngajeni utawa sopan. Supaya bisa nanggapi nganggo basa kang sopan para siswa kudu nggatekake sapa kang sesorah mau. Kalungguhane luwih dhuwur, sababag, utawa luwih asor tinimbang kang nanggapi. Kanthi mangkono, kang nanggapi bisa nemtokake nganggo basa ngoko, krama, utawa krama alus.

C. Nulis teks sesorah kanthi ragam basa padinan

Kaya kang wis kaandharake ing ngarep menawa ragangan ( struktur ) wis gumathok, yaiku irah-irahan, salam pambuka, pakurmatan, purwaka basa utawa pambuka, wos utawa intine sesorah, andharan wose sesorah ( yen perlu ), pangajeng-ajeng ( pangajab ), wasana basa utawa panutup, lan salam panutup. Sawise nulis ragangane, banjur dimekarake nganggo basamu dhewe.

D. Maca teks sesorah kanthi nyuwara

Maca kanthi nyuwara iku maca kang ditujokake marang wong liya. Amarga ditujokake marang wong liya kang ngrungokake, mula sapa wae kang maca kudu bisa ngucapake kanthi : swara kang cukup, kedal kang cetha, lan unjal napas kang pener. Menawa anggone maca adu arep karo kang ngrungokake ( kayata ing televisi ), kajaba perkara telu mau katambah pamulad kang nyumadulur ( komunikatif ).

Swara kang cukup tegese kang ngrungokake bisa krungu kanthi cetha lan kepenak, ora keseron ya ora kelirihen. Kang dikarepake kedal kang cetha iku swarane tembung siji lan sijine kudu jelas bedane. Swarane /d/, /dh/, /t/, /th/, /a/, /o/, /u/, lan liya-liyane kudu cetha. Unjal napas iku yen ing basa indonesia diarani tempo lan penjedaan. Tempo iku gegayutan karo alon-rindhike anggone maca, dene penjedaan iku gegayutan karo titik utawa komane anggone maca.



Sumber : Gegaran Nyinau Basa Jawa 2 kelas XI SMA/ SMK/ MA

Crita Rakyat

A. Crita Rakyat

Crita Rakyat yaiku crita kang dicritakake kanthi turun temurun utawa kang wis dadi tradhisi ing masyarakat. Crita rakyat kasebut kacritakake ing maneka warna kahanan, ana ing sajroning kumpulan, utawa pinangka crita pamancing impen, lan sapiturute. Crita rakyat duwe unsur-unsur pambangun, kayata tema, tokoh utawa penokohan, latar ( setting ),   alur ( plot ), sudhut pandhang, lan amanat.

Tema yaiku pokok permasalahan ing sajroning crita. Saben crita rakyat duwe tema kang gumathok supaya gampang diwaca. Latar ( setting ) yaiku papan panggonan, wektu, lan suwasana kadadeyan ing sajroning crita. Penokohan yaiku paraga kang nduweni watak ing sajroning crita. Alur yaiku urut-urutane prastawa ing crita. Sudhut pandhang yaiku cara pandhang panganggit tumprap crita kang dianggit awujud wong kapisan, wong kapindho, utawa wong katelu. Amanat yaiku pesen kang diaturake dening panganggit marang wong kang maca. 

Crita rakyat ngemu piwulang utawa nilai-nilai, antarane yaiku nilai-nilai budaya kang nduweni gegayutan karo pamikiran, kabisan, lan karya cipta manungsa, nilai-nilai sosial kang nduweni gegayutan karo tata laku antaraning manungsa nduweni sapadha, lan nilai-nilai moral kang duweni gegayutan karo tumindhak apik lan elek kang dadi dhasare kauripane manungsa lan masyarakate.

  • Titikane crita rakyat
  1. Panyebarane kanthi lesan
  2. Duweni sipat tradhisional
  3. Sugih cakrik lan variasi
  4. Jenenge pangriptane ora konangan ( anonim yaiku crita mau ora kaweruhan sapa sing nganggit )
  5. Wangune tiron ( klise ) ana ing susunan utawa cara pangungkapane
  • Mupangate crita rakyat yaiku :
  1. Mupangat rekreatif yaiku menehi rasa tentrem, seneng uga menehi hiburan
  2. Mupangat dedaktif yaiku ndhidik para kang maca amarga nilai-nilai kabeneran lan        kaapikan kang ana ing sajroning crita
  3. Mupangat estetis yaiku menehi nilai-nilai kaendahan
  4. Mupangat moralitas yaiku ngemu nilai-nilai moral kang dhuwur saengga para kang maca bisa mangerteni moral kang apik lan elek
  5. Mupangat relegiusitas yaiku ngemu ajaraning agama kang bisa didadekake tuladha kanggo para kang maca
  • Unsur crita rakyat

Crita rakyat nduweni unsur-unsur instrinsik, kayata :

  1.  Tema yaiku ide pokok utawa permasalahan utama kang ndhasari lakuning crita
  2. Latar ( setting ) yaiku latar belakang kang mbantu cethaning laku crita kang ngemot wektu, papan panggonan lan sosial budaya
  3. Paraga yaiku paraga ing sajroning crita. Paraga bisa dingerteni karaktere saka tumindake, ciri isike, lingkuangane, lan sapanunggal
  4.  Alur ( plot ) yaiku rerangkening prastawa ing sajroning crita
  5. Amanat yaiku pesen kang ana ing crita
  6. Sudut pandang yaiku nyritakake tokoh, barang, papan , lan sapanunggale
  7. Konflik yaiku perkara kang dadi punjere crita
  • Wujude crita rakyat
  1. Mitos
Mitos yaiku crita kang dianggep bener-bener kedadeyan. Kedadeyan ing alam dharatan, segara utawa langit, tuladhane crita Nyi Rara Kidul, Nyi Lanjar, lan sapanunggale


       2. Legendha 

Legendha yaiku crita kang dianggep bener-bener kedadeyan, biyasane crita mau ana petilasan arupa watu, gunung, kali lan sapanunggale. Tuladhane crita Baru Klinthing, Kawah Sikidang, Sumur Jalatundha, Rara Jonggrang, lan sapanunggale

        3. Dongeng

Dongeng yaiku crita kang ngayawara lan ora bisa dipercaya. Tuladhane Kancil Nyolong Timun, Keong Mas, Lutung Kasarung, lan sapanunggale
  
 B. Sinopsis

Sinopsis yaiku ringkesan crita saka alur kang dawa dadi cekak nanging bisa njlentrehake crita sakabehe. Nalika bakal nulis sinopsis, bab-bab kang kudu digatekake yaiku :
a. Tema           : gagasan pokok, pokok crita
b. Latar            : papan lan wektu dumadine prastawa
c. Alur              : lakuning crita
d. Penokohan : paraga crita
Saka katrangan kasebut banjur bisa digawe sinopsise.



Sumber : Gegaran Nyinau Basa Jawa 2 kelas XI SMA/ SMK/ MA

Panganan Tradhisional Jawa

Panganan tradhisional iku panganan kang kondhang ing papan utawa daerah tartamtu. Saben daerah biasane duwe panganan sing kondhang lan dadi ikon dhaerahe.


  A. Maca Lan Nanggepi Teks 

                        Tumpeng 

    Tumpeng iku cara nyuguhake sega lan lawuh jroning wangun bacu, amarga saka kui banjur diarani sega tumpeng. olahan sega sing dianggo umume arupa sega kuning, senadyan karep uga digunakake sega putih biasa utawa sega uduk. umume tumpeng disuguhake ing tampah kang arupa nampan gedhe, bunder, saka anyaman pring. tampahe dilemeki godhong gedhang lan sega tumpenge dipanggonake ing tengah, diubengi lawuh lan janganan. 


 B. Nemokake Nilai-nilai Kang Kamot Ing Teks

       Babagan kang kudu digatekake yaiku :


  • tumpeng wujude lancip kang umume saka sega kuning utawa putiht
  • tumpengbiasane kanggo upacara tradhisional kang sipate seneng utawa sedhih
  • tumpeng minangka simbul keslametan, kesuburan lan kasejahteraan
  • tumpeng kang lincip nggambarake kemakmuran sing langgeng sarta pangarep-arep    supaya urip munggah lan dhuwur 


 Sumber : Gegaran Nyinau Basa Jawa 1 kelas X SMA/SMK/MA

Wewaler

Wewaler padha karo gugon tuhon. Gugon tuhon saka tembung gugu ( pracaya marang kandhaning liyan ) lan tuhu ( nyata, temen ). Gugon tuhon ya...